Total Tayangan Halaman

BAB DHUWUNG = Wêsi Aji, Nayawirôngka, 1936


Sêsorahipun Mas Ngabèi Nayawirôngka
Bab dhuwung = wêsi aji, wontên ing mikropun, sèndhêr S. R. I.: sabên malêm Akhat sapindhah wulan Walandi, jam 7.15 - 7.45, wiwit nalika kaping: 2 Pebruari 1936.

1. Dhuwung
Dhuwung punika dêdamêl Jawi dêlês, dados pangangge Jawi Madura tuwin bôngsa Bali, punika kalêbêt sajiwa saraga, têgêsipun botên nate pisah, sarta dipun aosi kados jiwa raganipun, dêdamêl Jawi sanèsipun kados ta: waos, sabêt tuwin sanès-sanèsipun, sagêt pisah sumèlèh utawi dipun bêkta rencang.

Kadga, kadga punika pangandikanipun ingkang mangrêtos têmbung Sansêkrit, kangge ing basa Sansêkrit, kadga wau têgêsipun, dêdamêl suduk, kados sabêt suduk nanging ragi cêlak, sanès kêris = dhuwung.
Ing tanah Sumantrah tuwin tanah Mlayu sanèsipun, punika ugi wontên dhuwung, ananging ing ngajêng ugi saking tanah Jawi, pasaksènipun ingkang ngangge namung para luhur tuwin têngahan, botên sumrambah bôngsa Malayu sadaya, kêjawi manawi dados pangantèn, malah ingkang dipun mulyakakên inggih dhuwung Majapait.
Pasaksèn ingkang nêmbe kalampahan, taun ingkang sawêg kapêngkêr, 1934, Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya saha Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping sadasa, katamuan sultan ing Dhèli, Sumantrah, ngaturi pisungsung dhuwung, ingkang jêjêran, sarungan tuwin kandêlan sami kancana sadaya, dalasan ganjaning dhuwung ugi dipun bungkus kancana. Barang dhuwung kagunganing sultan, ingkang dipun pisungsungakên ing ratu, punika tamtunipun barang ingkang èdi pèni saha murni sae, wasana dhuwungipun wau dhuwung Jawi dêlês, tangguh Tuban Êmpu Panêti, dene garapanipun sarungan sanadyan dipun lapis kancana (wangun cara Dhèli, Sumantrah) katingal groboh, awit mila kadhawuhan anggarap kula, anjinging dhuwung
gônja ngajêng sampun waradin sarungan, ingkang wingking jênthit sajênthik, pangopènipun dhuwung inggih kirang sae, dhuwung wau ninja saha garing botên mambêt lisah.

Dhuwung ingkang sêpuh adi luhung.
Ing candhi Barabudhur sela kurungan rapêt sangandhaping songsong, nalika dipun dandosi pinanggih wontên rêca Buda ingkang dèrèng ambabar, kalihan dhuwung ingkang jêjêranipun iras tosan adhapur gana, samangke sumimpên ing musium ing Batawi, pamanggihipun bôngsa Walandi dhuwung wau ingkang sêpuh piyambak, tuwin adi luhung.

Pamanggih para ahli wêsi aji Jawi, miturut kawontênan sapunika, dhuwung ingkang inggil, adi luhung, wiwit ingkang langkah tangguh pisan (tangguh punika wiwit Pajajaran) botên wontên dhuwung ingkang jêjêranipun iras tosan, ingkang adi luhung. Sarèhne dhuwung wau wontên salêbêting candhi nunggil rêca Buda sêmèdi, pangintên kula dhuwung punika praboting agami, tamtunipun dadosing dhuwung sadèrèngipun panggaraping candhi rampung, inggih sêpuh sangêt dhuwung wau, nanging sanès dhuwung ingkang adi luhung.
Cara Jawi cikalan kina, sajèn têtakan mawi dêdamêl tatah, pêthèl, pangot, sapanunggilanipun, dados ing pangintên dhuwung wau golongan cêcaruhan sajèn agami.

Golongan Teyosopi, manawi Losê dhinês, wartosipun inggih mawi nyêpêng dêdamêl landhêp, para sadhèrèk Teyosopi [Teyoso...] aparinga katranganipun.
Tataning agami Islam, manawi salat Jumungah (bar Jamangah) ing masjid, ingkang kudbah, wontên ing mimbar inggih mawi nyêpêng pangasiral (dêdamêl landhêp) waos papak ingkang mawi landheyan sadhêpa.

Kêparêng dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya saha Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping Sadasa ing Surakarta Adiningrat, sapunika têkên mangasiral wau dipun saèkakên, waos ingkang papak landhêp dipun wangun kiwa têngên bulug kêthul, pucukipun landhêp, pancasan kiwa têngên, utawi mawi pamor dados wêsi aji sanèsipun.

2. Wanguning Dhuwung saha Srandunipun
Dhuwung punika wangunipun warni kalih: 1. lêrês, 2. luk.
Cariyos ingkang têturutanipun saking Sêrat Pustakaraja, cariyos êmpu, wêdha curiga sapanunggilanipun, ingkang dumados rumiyin dhuwung wangun lêrês, saha prabotipun taksih prasaja, kados ta: dhapur lar ngatap, pasopati, cundrik, tilam upih. Lajêng wangun luk kados ta dhapur balebang sapanunggilanipun.
Dene wangun kalih warni, lêrês kalihan luk wau, dipun rêngga prabot peranganing dhuwung warni-warni, ingkang lajêng ngwontênakên bèntêning dhapur ngantos langkung saking 500 warni.

1. jalèn, 2. gandhik, 3. lambe gajah, 4. kêmbang kacang, 5. jenggot, 6. tampingan, 7. balumbangan, 8. tumpêran, 9. gênukan, 10. tikêl alis, 11. palêmahan, 12. srawean, 13. tumpêngan, 14. gandhu, 15. dhadha, 16. tungkakan, 17. rôndha nunut, 18. gônja, 19. pêsi, 20. grènèng, 21. rontal sinêbit, 22. gulu mèlèt, 23. sirah cêcak, 24. wuwung gônja, 25. wadidang, 26. ada-ada, 27. dhadha punuk, 28. gandhu, 29. pundhakan, 30. pucuk, 31. pudhak satêgal, 32. wora-wari, 33. sor-soran
Ôngka: 6,7,8,9-11 sami kawêngku salêbêting sosogan.
Ngêpok dhuwung watawis sipat sosokan nama sodhoran. Nginggilipun nama wilah.

31. Pudhak satêgal punika botên ngewahakên dhapur, namung manawi dhuwung luk gangsal, punika lajêng nami dhapur pudhak satêgal.

32. Wora-wari = gusèn dumugi pucuk, punika botên ngewahakên dhapur, nanging manawi dhapur pasopati, lajêng nama dhapur wora-wari bang.
30. Pucukan punika warni tiga:
1. tugi pinêthêt
2. buntut tuma
3. gabah kopong. Anggènipun dhuwung tipis (kados Tuban)
18. Gônja punika wontên ingkang iras, punika kirang sae dhatêng garap, awis sangêt ingkang dados dhuwung adi luhung.
Sarta gônja punika dhapuripun warni gangsal. Kados ancêr-ancêr gambar punika:
1. Sêbit luntar
2. Dhungkul
Glawetan têngah bongkot dumugi pucuk sêgara winolan, Sor-soran dumugi pucuk = sêgara muncar.
Sisih - gula milir.
3. Wilut utawi pacêt
4. Kêlap lintah
5. Sêpang
Dene dhapuripun dhuwung wangun luk kalihan lêrês punika kathah, botên kula pratelakakên ing ngriki, kajawi kula namung apil satunggal kalih, manawi para miyarsa wontên ingkang kapengin nguningani, sampun wontên bukunipun, salong sampun mawi gambar, kados ta: Sêrat Wedhacuriga, kawêdalakên ing pangêcapan, Rusê, ing Surakarta, mawi gambar dhuwung 51 warni, gambar sêkaran pamor 24 warni.
Sêrat kalawarti Kajawèn, ôngka 43, taun VIII, wêdalipun nalika 31 Mèi 1933, dumugi ôngka 73, kirang langkung 20 wêdalan lajêng jugag botên mêdal, sawawratipun dèrèng dumugi, mawi dêntyawyanjana, aksara ha - ba,
ewadene sampun warni 699 = sêratipun manawi Bale Pustaka inggih wontên.

Sêrat kalawarti wulanan, Pusaka Jawi, taun VII, ôngka 1,2, wêdalipun Januari, Pèbruari, 1928. Mratelakakên dhapuring dhuwung lêrês warni 58, dhuwung luk 329, warni 104.
Buku ingkang dèrèng kacithak inggih wontên, ingkang ngêwrat dhapuring dhuwung sagambaripun.
3. Badhening Dhuwung
Dhuwung punika badhenipun saking: 1. tosan, 2. waos, 3. pamor.
Tosan punika asli pêlikan, golongan tosan kina ingkang sae namanipun.
1. Tosan Karangkijêng, manawi thininthing ambrêngêngêng kados tawon êndhas.
2. Tosan Purasani utawi Garindhuaji, ungêlipun gur, punika panandhaning tosan warni ijêm nyambêrlilèn (basa Mlayu korsani, têgêsipun saking korsan, tanah Pèrsi, misuwur sae tosanipun).
3. Tosan Mangangkang, warninipun cêmêng sêmu wungu.
4. Tosan Mangangkang èstri, warninipun wungu sulak biru.
5. Tosan Kamboja, warni pêthak mrusu = nyêrat sêmu biru,
ungêlipun thong, thong, panjang, salêbêtipun mungêl wontên suwantên malih thing, thang, ngang-ngang.
6. Tosan Walat, warni biru cahyanipun kados pangilon, ungêlipun kung brêngêngêng.
7. Tosan Amral, warni pêthak sêmu abrit, botên kenging tainên, ungêlipun ngêng-wêng gêtêr kados wontên nginggilan.
8. Tosan Winduaji, warni kados kaca, pêthak sêmu biru, manawi sinawang gadhah kuwung ngajrihi, ungêlipun ngung ngênguwung.
Pancènipun kathah warnining tosan kina, kula namung mêndhêt tuladha sakêdhik, kados punapa angèlipun anggèning nyatakakên, dene tosan-tosan wau gadhah watak awon sae piyambak-piyambak.
Manawi ing karaton sapunika, pamilihipun tosan ingkang kangge badhenan dhuwung inggih ngupados tosan sêpuh, nalika Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping sanga: tosan grêbong Balelumur, Majapait, kreta-kreta kina, rante, paku, èsèl jaman Kartasura, wuluh sanjata kina, tuwin sanès-sanèsipun.
Dene tosan-tosan ingkang sae punika matêng wasuhanipun, garing, alus kados singat, nglar glathik. Kalis tinja, sanadyan atusan taun wêtah kemawon, tamtu ampuh.

Upami tosan limrah, sawontênipun (suh pêthi montên) wawrat sadasa kati, lajêng dipun wasuh rambah-rambah: dipun bêsmi abrit lajêng kapalu, cêmêng dipun bêsmi abrit lajêng kapalu, manawi tosan wau kantun wawrat gangsal kati, punika sampun ragi atos (ngênyang) kantun galih, rêgêdipun kantun sakêdhik, tamtu sampun gadhah kaampuhan, upami kalajêngakên pamasuhipun inggih sangsaya ampuh, kenging dipun nyatakakên.

II. Waos (waja) pandamêling dhuwung punika nama srapahan. Waos dipun gapit tosan (kados damêl arit). Waos ingkang kenging kasrapah punika waos ingkang sêdhêng kêrasipun, manawi waos ingkang kêras kados ta: waos perak, waos kristal, sami botên kenging dipun angge srapah, dipun pijêri (dipun bêsmi ngantos mijêr) sarta dipun wasuh, punika botên sagêd gandhèng kêkah kalihan tosan.

III. Pamor punika warni sakawan:
1. Pamor asli, tiban, karanipun pamor Prambanan (mètiyur), asalipun dhawah ing Prambanan.
2. Pamor Bugis.
3. Pamor Nèkêl.
4. Pamor Sanak.
1. Pamor Prambanan punika basanipun mônca: mètiyur, kula nate dipun paringi katrangan bôngsa luhur, ingkang nate sinau ing H.B.S., pamor Prambanan punika inggih nèkêl, ananging kaworan pêlikan sanès, kados ta: lirang, sarêm, bangsaning wêdhi malela, tuwin wontên malih sanèsipun, punika kenging dipun pisah sadaya, sarana pirantos lan bumbu-bumbu. Namung sanadyan tiyang sagêd misahakên, ananging botên sagêd damêl mètiyur, anggathukakên kados pamor tiban wau.
Awit mila nèkêl sagêd dados mètiyur, jalaran anggènipun cêlak srêngenge, ingkang bêntèr sangêt, latu sadonya bêntèripun sami lan bêntèring srêngenge.

Dene anggènipun asring dhawah wau botên anèh, pancèn sampun adatipun, namung rèhne dharatan punika kalihan sagantên kathah sagantênipun, dados ingkang kathah dhawah ing sagantên, mila pamor punika pêthak atos botên kalong (kajawi coplok), ingkang sampun dados dhuwung, tosanipun ingkang gêrang, kenging jêram utawi ninja, mila pamor botên kalong, malah mrangas, mandhukul grayanganipun gumrêgês. Sanadyan sampun katêrangakên kawontênan kodrat, wantah, amung pamanggih kula mètiyur wau inggih barang elok, jalaran inggih botên gampil pangupadosipun.

2. Pamor Bugis, punika asli saking tosan pêthak, ingkang sampun dados dandosan sêpuh, lajêng dipun wasuh rambah-rambah, mila manawi sampun kaêtrapakên awor tosan, dipun awisi botên katut cêmêng, sagêd pêthak, utawi ragi mrangas dening mênang atos. Kantun galih kemawon, sanadyan kalong namung sakêdhik.

3. Pamor nèkêl, punika warninipun pêthak saha botên gêrang, botên ninja kathah, sagêd mungal saking tosan, ananging sarèhne dhasaripun êmpuk, dados lingir-lingiripun botên sagêd mrangas, gumrêgês, malah gundhul alus kemawon.

4. Pamor sanak, punika thukul saking kodratipun piyambak, botên dipun dèkèki pamor, namung ingkang cêtha katingal lêr-lêran pamor sanak punika, tosan kaworan tosan sanès ingkang langkung pêthak tuwin atos, sanadyan gêrangipun katingal lêr-lêran nyêrat, ananging botên sagêd katingal ragi pêthak.
Wondene pamor ingkang dipun angge dhuwung kodhèn punika, ruji songsong motha ingkang tipis kuwu, gêrangan tosan pêthak, utawi kawan tosan pêthak.

Sêkaranipun pamor punika warni-warni, ingkang trapipun mlumah kados ta: 1. bêras wutah, 2. bendha sagada, 3. tambal, 4. gêndhagan tuwin sanès-sanèsipun.
Ingkang trapipun miring kados ta: 1. blarak ngirit, 2. adeg tiga, 3. gondhuru, 4. kênanga ginubah, tuwin sanès-sanèsipun, taksih kathah warninipun.

4. Panggarapipun Dhuwung
Tosan ingkang kangge dhuwung punika ingkang matêng wasuhanipun, supados garing anggalih.
Dene masuh tosan punika, upami tosan wawrat 40 reyal, kabêsmi lajêng dipun gêbag palu rambah-rambah, sabên cêmêng kabêsmi malih, abrit dipun gêbag palu, makatên wongsal-wangsul, ngantos kantun wawrat 30 reyal, lajêng kapara gangsal, dipun wangun balebekan, panjang ± 18 sèntimètêr, wiyar ± 3 sèntimètêr, kandêl ± 3 milimètêr.

Lajêng pamor upami wawrat 4 reyal, dipun bage sakawan, dipun gêmblèng, wiyar panjangipun sami tosanipun, lajêng katêpangakên kalihan tosanipun, ngandhap tosan, lajêng pamor, tosan pamor, tosan pamor, tosan pamor malih, nginggil piyambak tosan, dipun tangsuli, dados pamor sakawan tosanipun gangsal, sap-sapan.

Dipun pijêri lajêng kabêsmi, manawi sampun abrit sangêt (mijêr) dipun gêbag palu, dipun wasuh rambah-rambah, manawi panjangipun sampun tikêl, utawi sampun kêmpal dados satunggal, lajêng dipun têkuk têngah lêrês, dipun pijêri kabêsmi dipun wasuh malih rambah-rambah, ngantos panjangipun tikêl malih, dipun têkuk têngah lêrês, dipun pijêri kawasuh malih.

Katêkuk sapindhah pamor dados sap: 8, katêkuk kaping kalih pamor dados: 16, katêkuk kaping tiga dados: 32, katêkuk kaping sakawan dados: 64 sap. Calon wau dipun panjangakên dados 21 sèntimètêr, lajêng ing êpok dipun kêthok: 3 sèntimètêr, kêthokan wau panjangipun watawis ± 8 sèntimètêr, badhe kangge gônja.
Tosan badhe wau lajêng dipun sebat kodhok wiwit kapêtha dhuwung, alit kandêl, panjangipun, ± 18 sèntimètêr. Bongkot pucuk wiyar kapêtha mawi pêsi têngah ciyut.
Têngah lêrês dipun kêthok, lajêng dados kalih kêmbar.
Nuntên ambadhèni waos (waja) agêng panjang sarta wangunipun plêg kados tosan kodhokan wau, namung kandêlipun, ± 2 sèntimètêr. Waos ing têngah dipun gapit tosan kodhokan kalih, dados sap tiga, tosan, waos lajêng tosan.Kodhokan wau kabêsmi lajêng dipun wasuh rambah-rambah, ngiras dipun wangun kados dhuwung, nanging taksih ragi kandêl.

Patrap ngêmpalakên tosan kados ing nginggil wau, badhe damêl pamor, sêkar bêras wutuh sasaminipun (pamor ingkang trapipu mlumah)lajêng natahi damêl sêkaran pamor kados uwos wutah.

Panatahipun sampun gantos dumugi ing waos, sarta tatuning tatah cuwikan wau nrajang pintên-pintên sap-sapaning pamor, kados tumpukan, dlancang kathah dipun cuwik, saèstu angsal pintên-pintên sap.
Sasampuning tatahan jawi lêbêt waradin (ingkang katêmbungakên nglêbêt punika suwalikipun) nuntên kabêsmi abrit dipun palu radin, tamtu cuwêkan tatahan dados waradin, nukulakên saping pamor dados polah wontên corakipun, upami ing ngajêng tatahan kados gabah, mindhak wiyar thukul corak, polah ombak-ombak warni-warni.

Manawi calon wau sampun rampung, palon dipun rimbas kikir sawatawis, nuwèni pucuk sarta wêngku pamoripun. Yèn badhe dhuwung luk inggih lajêng dipun luk samêsthinipun. Pêsi dipun gilig, lajêng kenging dipun garani. Lajêng ngikir awak-awakan, kawangun têngah mawi dêring (nami nglèsèh). Natah ngrêsiki sogokan.
Mapak nata gandhik, manawi mawi kêmbang kacang lajêng garap jalèn, gandhik, lambe gajah, nata kêmbang kacang, ngrêsiki ampangan, blumbangan, tumpêran, gênukan, manawi sampun dados kêsikan lajêng:
Nggarap gônja, kêthokan badhe ingkang kula pratelakakên ing ngajêng, punika lumahipun kabêkuk para tiga.

Nuntên dipun wasuh kagêbag wangun gônja, kakikir dipun ukur panjangipun, kajara lajêng dipun lanji, karapêt lajêng dipun têtêg sapikantukipun rumiyin, parlu kangge sawangan anglaras, dene salajêngipun inggih dipun rapêt sayêktos.
Manawi panggaraping wêwangunan sampun rampung sadaya lajêng dipun ungkal, patrapipun ungkal alit-alit ingkang dipun gosokakên.

Nyêpuhi
Dhuwung sampun rampung pangungkalipun lajêng dipun sêpuhi, nyêpuhi punika bakunipun waos dipun bêsmi abrit lajêng kacêlup toya, waosipun lajêng dados atos. nanging manawi nyêpuhi dhuwung, dipun obong sêmangus lajêng dipun cacapi sêpuh tur kadhang dipun obong abrit lajêng dipun cacapi idu, sarana kadilat waradin lajêng dipun bêsmi malih, manawi sampun abrit lajêng kacêlup lisah klêntik, namung sakêdhap lajêng kacêlup ing toya, lajêng dipun culik dipun ungkal landhêpipun, manawi sampun atos punika sampun pasah sêpuhipun, lajêng dipun ungkal ingkang ngantos waradin, utawi rêsik tatu sêpuh (kêmul)ipun. Rampung panggarapipun.

5. Ngawisi (Marangi)
Babaran dhuwung dipun pêthak sarana dhuwung dipun dèkèk ing blawah punapa ing klothokan gadêbog, dipun gosok utawi dipun kêcêri jêram pêcêl, sabên badhe asat dipun gosok irisan jêram pêcêl, utawi dipun sikat, murih ical gilping tatu ungkal, anggènipun mêthak (gosok jêram pêcêl) punika enggal-enggalipun kalih dintên, langkung sangsaya sae, murih tosan ingkang alus gilap tabêt ungkal wau kalong katêdha kêcuting jêram pêcêl, dipun awisi lajêng sagêd cêmêng mêlês (manawi tosan taksih alus gilap) kêlêm botên gilap.
Dipun kumbah mawi sikat bobat, rêsik dipun lap srêbèt rêsik, lajêng dipun pe.

Patrapipun ngawisi (marangi), awisan milih ingkang pêthak, botênipun inggih nlasih (pêthak sêmu dadu), kakorèk ing kasaping panjang, mawi toya sakêdhik, lajêng dipun pêrêsi jêram pêcêl, ingkang dipun oncèki sacêkapipun, nuntên kasaring.
Dhuwung ingkang sampun kaêpe angêt, lajêng dipun usar toya jêram awisan, sarana sikat bobat, lajêng dipun uwêt dariji jêmpol, ngantos sagaringipun, sabên garing dipun usar toya jêram awisan, dipun uwêt malih ingkang waradin, makatên rambah kaping tiga, garing lajêng dipun kumbah toya rêsik, sarana sikat bobat, dipun lap srêbèt rêsik, asat lajêng dipun pe, punika nama satiban. Lajêng dipun ambali malih kados kasbut nginggil. Manawi sampun tigang tiban ngadat sampun cêmêng, ewadene manawi dèrèng cêmêng inggih kalajêngakên ngantos pintên tiban, saprayoginipun. Dene panggarapipun wau wontên ing bênteran.
Samasa sampun kadamêl rampung, garing uwêtan dipun bêntèrakên, kaêpe sawatawis lajêng dipun kumbah toya ingkang rêsik, sarana dipun sikat sikat bobat, pangumbahipun ingkang rêsik, lajêng dipun lap srêbèt, asat dhuwung lajêng dipun pe, garing angêt lajêng dipun êntas, manawi sampun asrêp dipun sikat mawi lisah klêntik, sampun nami rampung.

Katrangan: Patrapipun nguwêt kêdah ngatos-atos awit dêdamêl landhêp. Tangan kiwa nyêpêng ukiran, utawi pêsining dhuwung, driji asta têngên kangge nyanggi, jêmpolipun ingkang kangge nguwêt, cakipun saking têngah gosok minggir, sampun ngantos nêmpukakên landhêpipun, ingkang adil, waradin, dene lukik-lukikan ingkang botên cêkap dariji, dipun kêsut wilah lancip dipun ubêt-ubêti srêbèt, awit manawi panguwêtipun kirang waradin, kajawi bêlang kirang cêmêng, inggih asring kadhal ijonên.

Bèntênipun awisan kalihan dipun koloh.
Ngawisi (marangi) punika kajawi dipun pe, botênipun inggih angêting latu arêng, mawi dipun uwêt, pikantukipun awisan langkung nyakot dhatêng tosan, anggenipun awèt, utawi upami rampung sanalika kirang cêmêng, ananging wayu dintên sangsaya wêwah cêmêng sae.

Dene manawi kolohan punika, botên mawi dipun uwêt, inggih sanadyan mawi dipun êpe. Tur kadhang toya jêram sarta awisan ing blawah, warninipun cêmêng rêgêd, kala-kala namung dipun jogi jêram, ngiras kangge ngrêsiki, tosan dipun cêlup ing blawah lajêng kaêntas, dipun sikat utawi dipun krawu kalihan mrambut, samasa asat lajêng kacêlup, dipun krawu mrambut kalihan kasikat, makatên rambah-rambah ngantos sacêmêngipun, lajêng dipun kumbah kaêlap srêbèt, garing nama sampun rampung. Makatên wau babaripun sanadyana sagêt cêmêng, namung kirang nyakot, utawi sabên wayu sangsaya suda cêmêng mêlêsipun.
Wondene awisan punika ingkang sae, tosanipun sagêt cêmêng (kajawi ingkang pancèn tosan angêlar glathik). Pamor pêthak, waos pinggir cêmêng sêmu klawu.

Prêlunipun wêsi aji dipun awisi.
Mila wêsi aji dipun awisi punika supados tosanipun cêmêng, sae botên gampil tainên, pamor katingal pêthak, waosipun cêtha pilah lan tosan, punika cocok kalihan bôngsa kilenan, inggih mawi ngawisi tosan, ingkang prêlunipun inggih supados botên gampil tainên: kaot toyanipun jêram pêcêl ingkang dipun angge toya kêras, inggih punika blonir, tumrap wuluh sanjata sapanunggilanipun, sadaya tosan ingkang katingal cêmêng.

6. Dados Cacading Dhuwung
Dhuwung ingkang nama dados punika:
1. Wêtah.
2. Botên cacat.
3. Garapipun sae alus, kêncêng turut, matêng, rapêtan, rapêt, rojèh, anêtês cêtha.
4. Lênggahipun sakeca, sikutanipun prigêl.
5. Condhong lèlèhipun cêkapan.
6. Pamoripun waradin, pêthak mungal. Dados ingkang dipun kajêngakên(= bêras wutah inggih kados bêras wutah, ron dhuru inggih kados ron dhuru, sêsaminipun). Wêngku pamor pucukan turut, jawi lêbêt sami panjangipun.
7. Waos, kandêl tipisipun turut.
8. Sêpuhan awon kathah.
9. Tosan mêlês waradin garing, matêng wasuhanipun.[8]
Priyantun êmpu kina manawi ngringkês: dhuwung punika ingkang sae kêdah, morjasingun. Têgêsipun ingkang sae, pamor, waja, wêsi, tuwin wangunipun.

Dene cacadipun dhuwung:
1. Botên turut., 2. Lênggahipun botên sakeca (cêgèh utawi sangkuk)., 3. Muntir., 4. Pamor pating blêntong, botên waradin, kêlêm, botên pêthak., 5. Pamor nrajang landhêp (brodhol)., 6. Nyêpat (wontên sêpatipun)., 7. Pêgat waja., 8. Tosan, waos, pamor kandêl tipis., 9. Slewah., 10. Sèrèdan waos (waja) menggak-menggok., 11. Botên wêtah, tambalan, sambêtan, sapanunggilanipun., 12. Bengkong., 13. Garapan asêpan, gonggang, rojehan ngowar, botên nêtês, botên radin, babaran mêntah, botên alus., 14. Sêpuh kirang pasah, êmpuk, lêmês., 15. Sêbrakipun guwaya wêlu.

7. Bab Kinatah
Dhuwung punika, kajawi perangan srandunipun saya mindhak-mindhak, ingkang kathah kangge bèntênakên dhapur, saha raos rêrênggan. Lajêng dipun tambahi malih rêrênggan kinatah mas (dhuwung tinatah tinatur rêngga), kinatah punika:

1. Jêne katanêm tosan, ing jawi mungal (mênthongol), lajêng dipun wangun, dipun pêcahi.
2. Tosan dipun pênthongolakên, wangun ingkang dipun kajêngakên, karêmak (tatah pangrêmbug) lajêng dipun tlakupi jêne, dipun kêkahakên tatah pangrêmbug, jêne lajêng kawangun.
Wondene ingkang nama sasrah punika, tosan dipun tatah lajêng dipun lêbêti jêne, kawat, utawi suwasa sapanunggilanipun, tosan lajêng katatah pangrêmbug, dados mingkêm amor lan jêne, lajêng kaêlus waradin.
Kinatah punika wontên ingkang namung ing gônja, ing gandhik, dumugi têngah, wontên ingkang dumugi pucuk dhuwung, wontên ingkang nama gônja sanga, ing srawean sapanunggilanipun, dene wêwangunaning sêsêkaranipun kados ing ngandhap punika:

1. Praba sèwu, punika godhong kathah tanpa wit., 2. Kêmbang sataman, sêkar kathah tanpa wit., 3. Anggrèk, sêkar, godhong mawi wit., 4. Kamarogan, punika sêkar, woh, godhong mawi wit., 5. Gajah singa, punika sêkar, woh, godhong mawi wit.

Wontên malih ingkang kula sumêrêpi ananging botên kathah, kados ta: rajah-rajah, sêratan Arab, kalacakra, tuwin sanès-sanèsipun.

Dene rêrênggan pêpêthan, kados ta:
1. naga, 2. puthut, 3. singa, 4. kikik, 5. pêksi, 6. liman, 7. manglar monga, 8. sangsam, 9. ulam sapanunggilanipun.

Kinatah ingkang namung ing gandhik tuwin lambe gajah, nami panji pilis, punika tur kadhang botên namung rêrênggan, ananging kangge sarana ngêndhokakên dhuwung ingkang watakipu brangasan, kêras.
Sawênèh gônja kinatah mas mawi dipun rêngga sela barleyan, tuwin mirah, punika mligi rêrênggan.
Nalika jumênêngipun Ingkang Sinuhun Sultan Agung Anyakrakusuma, ing Mataram, sabibaring prang ing Pathi, karsa dalêm maringi ganjaran putra santana tuwin abdi dalêm ingkang mêntas unggul ing prang, dhuwung dipun kinatah.

1. Putra santana tuwin pêpatih dalêm, kinatah anggrèk manglar monga, utawi singa barong.
2. Abdi dalêm wadana kaliwon (bupati tuwin bupati anom [anom] kinatah kamarogan).
3. Panèwu mantri, gajah singa.

8. Tangguh
Nangguh punika lingganipun tangguh, têgêsipun nyêgat, utawi mêthukakên, raosipun batang utawi ngintên-intên.
Toya têgêsipun toyaning nagari panggenan pandamêlipun wêsi. Manawi tangguhing wêsi aji punika limrah têmbungipun: dhuwung punika toyanipun dhatêng pundi?
Titih = tunggang, raosipun numpang. Cêtha botên sêmang-sêmang, toya dalasan êmpunipun (wontên malih, titih dipun têgêsi kandêl).

Mila nangguh wêsi aji utawi mastani awon sae punika paitanipun kêdah adhêdhasar kawruh saha pangalaman wantah, kados ta:
1. Nyumêrêpi sêrat-sêrat cariyosipun êmpu. Ingkang mratelakakên lagon-lagoning garapan, tosan, pamor tuwin lagon dhapuring dhuwung, satunggal-tunggalipun êmpu utawi toyaning nagarinipun.
2. Jajah sumêrêpipun dhatêng wêsi aji, ingkang sêpuh, nèm, tiron, sêngkan, tosan nèm dipun sêpuhakên. Ingkang luhur, têngahan tuwin andhap.
3. Nyumêrêpi gotèkipun para ingkang gêgayutan iyasa wêsi aji.
4. Mangrêtos titiking garapan sampun kina, kalihan ingkang nèm, tuwin sêpuh sêngkan.

Katrangan
Ôngka 1. Mila kêdah nyumêrêpi sêrat cariyosipun para êmpu, salagonipun garapan kalihan toyanipun, babad wontênipun garapan dhuwung kalihan ingkang garap. Dene tangguh punika limrahipun Pajajaran mangandhap, dumugi sapunika, manawi wontên wêsi aji dipun kintên nalika jaman ing Jênggala minggah, punika winastan langkah tangguh.

Sêrat Cariyosipun Para Êmpu sampun kawêdalakên ing pangêcapan Phogêl phan dhêr eidhê, enko, ing Surakarta, taun 1907.

Sêrat Kalawarti wulanan Pusaka Jawi, ôngka 1 - 2, taun VII, wêdalan Januari, Pèbruari, 1928, kaca 6, isi bab dhapur. Utawi ôngka 7 - 8, wêdalipun Juli, Agustus 1928, kaca 138, ngêwrat dhapur sapanunggilanipun.
Dene Pusaka Jawi ôangka 2 - 3 taun IX (Pèbruari 1930) ngêwrat kagungan dalêm Sêrat Panangguhing Dhuwung, punika inggih langkung cêtha dipun sinau, tuwin sêrat sanès-sanèsipun ingkang gayutan bab êmpu dhuwung, (Babad Condhong Campur).

Ôngka 2. Manawi sumêrêpipun wêsi aji dèrèng anjajah, botên badhe gadhah pangintên mathêm, tuwin gampil kalintunipun, tur kadhang wêsi aji nèm dipun sêngkakakên dipun wastani sêpuh.
Dhuwung Mataram dipun kintên Majapait, awit wêsi aji luhur punika, wiwit Pajajaran dumugi Mataram tosanipun mèh sami kemawon, môngka manawi wêsi aji andhap, dhuwung tangguh Majapait kalihan Mataram punika, tosanipun nyêngklèng sangêt, tosan Majapait cêmêng mêlês, madhêt; tosan Mataram gosok wêlu.

Ôngka 3. Nyumêrêpi kaol gotèkipun para ingkang gêgayutan iyasa dhuwung, punika prêlu kangge pathokan, awit sanadyan panangguhipun lêrês, sagêd ugi taksih kirang patitis, upami dhuwung tangguh Blambangan, tosan, pamor laguning panggarap, sadaya sampun cocok tangguh Blambangan Êmpu Pitrang, ananging kaol saking Mas Ngabèi Jayasukadga, manawi lambe gajahipun lômba, punika sanès tangguh Blambangan Êmpu Pitrang, inggih punika tangguh Blambangan Êmpu Supa nèm (Supagati) adhinipun Pangeran Pitrang.
Upami malih, dhuwung tangguh Mataram Sultan Agungan, sampun sarwa cocok sadaya titikipun, ananging manawi ganjanipun sêbit luntar lugas lus botên kinatah, punika sanès Mataram iyasan Sultan Agungan, awit namung iyasa dhuwung ingkang gônja sêbit luntar mawi pamor lugas sakawan kagêm panjênêngan dalêm nata. Sasampunipun, abdi dalêm para êmpu botên kalilan damêl dhuwung gônja sêbit luntar mawi pamor lugas, soka dhuwung Mataram Sultan Agungan gônja sêbit luntar tamtu wulung, utawi mawi kinatah mas. Makatên sapanunggilanipun.

Ôngka 4. Kêdah ngrêtos titiking tosan saha garapan sampun kina (nèm). Wondene wêsi aji ingkang nama sêpuh punika, sadèrèngipun Mataram, manawi Mataram nama sêpuh têngahan, Kartasura, Surakarta nèm. Utawi ngrêtos wêsi aji sêngkan, nèm dipun sêngkakakên sêpuh.
Ing samangke sangsaya kathah tiyang sagêd nrekah dhuwung, nyêngkakakên dhuwung nèm dados sêpuh (sampun plêk kalihan dhuwung sêpuh) kathah kemawon sadhèrèk tumbas dhuwung klèntu, dhuwung sêngkan winastan sêpuh, mila kêdah apil saèstu dhatêng titiking garapan enggal, kados ta: labêt palon, kikiran, tuwin kêsikan, sarta nocogakên lagu lagonipun dhuwung ingkang dipun tiru wau, makatên sapiturutipun.

Ôngka 5. Kêrêp nyumantakakên dhatêng sadhèrèk ingkang kalêbêt ahli dhatêng wêsi aji, prêlu panangguhipun wau manawi sampun lêrês, wontên ingkang mupakati, manawi lêpat wontên ingkang nêdahakên lêpatipun.
Awit nangguh punika manawi sampun patitis, upami nangguh dhuwung Tuban, Êmpu Panêti, punika dipun tangguhakên sadhèrèk sanès, ananging inggih sadhèrèk ingkang mangrêtos tangguh, punika inggih tamtu nangguh Tuban Panêti.
Wondene warni-warnining cara panangguh wêsi aji, mawi margi sanès punika kados ta: dhuwung kacêpêng rêbah dipun sampiri bêkukan kêthokan suwiran blarak, dipun kutugi dupa lajêng dipun takèni (tamtunipun mawi môntra) manawi cocok pitakenanipun, blarak sagêd lumampah piyambak.
Wontên malih mawi pirantos kêndhi, dhuwung kacêpêng dipun tumpangakên kêndhi, lajêng dipun pitakèni, manawi cocok pitakènipun [pitakènipun] dhuwung sagêd ebah mubêng (sumauripun mubêng) makatên sapanunggilanipun, taksih kathah cara sanès-sanèsipun.

Mênggahing para sadhèrèk ingkang pitados nyumanggakakên. Namung ingatasing kawruh ingkang dhêdhasar nalar, nyata, wantah, botên sagêd pinanggih ing akal, kathah botên patitisipun.
Panunggilanipun malih, sadhèrèk ingkang ahli surating amor, pitados inggih nyumanggakakên, namung adhakanipun inggih lajêng groboh pamilahipun wêsi aji, kados ta: sanadyan dhuwung asor samukawisipun, nanging sabên wontên titik surating pamor sae, upami: Raja Suleman. Ngangsaripun ingkang ngangge sabarang kajêngipun enggal kadumugèn, kenging kangge tulak sêsakit, sadaya setan sami ajrih, yèn kapêngkok pôncabaya kathah wilujêngipun. Inggih lajêng dipun pilala kemawon.

Kula inggih pitados wêsi aji gadhah angsar sanès-sanès, awon tuwin sae, sarta jodhon ingkang ngangge, kabêkta saking tosanipun, punapa ciptanipun ingkang damêl, utawi nyarêngi lêlampahaning êmpu, tuwin panyidikaranipun, upami: kêris iki gêgaman, bisa alandhêp ampuh, luput wong têguh wantala (mriksanana Sêrat Êmpu kaca 78 - 79) dipun klongkongakên sêkaripun Sinom, nêm pada, [pada,] supados gêsang cêtha yatmakanipun.

Kêris iki gêgaman nanging sajiwa saraga: dadi panganggo kang ora pisah, kang nganggo bisaa: wirya, arta, wasis, rahayu slamêt.
Utawi bisaa, sinuyutan.., sugih anak bojo.

Wondene anggènipun nyatakakên inggih wantah kemawon: dipun tayuh, dipun angge, dipun titèni salêbêtipun ngangge: kanggonan, ngalami lêlampahan punapa, utawi raosing manah kadospundi? Muntapan, mrangas, ayêm, têntrêm, asrêp, uwas punapa gorèh sapiturutipun.
Manawi rumaos jodho inggih dipun pilala, bilih botên jodho inggih botên dipun angge.

Sadèrèngipun kula kèndêli anggèn kula ngaturakên sêsorah bab wêsi aji (dhuwung), kula badhe ngaturakên piyandêl kula piyambak dhatêng wêsi aji.
Ngèngêti para êmpu, langkung malih kala jaman kina, panggarapipun wêsi aji punika kalihan tapabrata, dhasar garapan kagunan Jawi asli, ingkang adi luhung, mila wajib kula aosi, kula luhurakên, panganggêp kula gadhah angsar, gadhah daya, nanging botên kuwasa, sarta botên kula pangeran, awit ingkang kuwasa tuwin pangeran kula namung: Gusti Allah.

Gandhèng kalihan atur kula ing ngajêng, sakônca kula kriya, pandhe êmpu, tukang ukiran, patrigan tuwin mranggi, wontênipun kraton manawi miwiti anggarap: nyêpuhi, ngawisi, tuwin nganjingakên, sasaminipun, mawi nyingkiri dintên ingkang dhawah petang awon, ingkang kalimrah ing akathah kados ta: taliwangke, sampar wangke, dungulan. Dene dintên awon ingkang namung tumrap kônca kriya kasbut ing ngajêng, ingkang kêdah dipun singkiri, inggih punika dintên naasipun para êmpu agêng.
1. Dintên Sênèn Lêgi, naas sedanipun Pangeran Sêndhang.
2. Dintên Rêbo Kliwon, naas sedanipun Pangeran Sêdayu.
3. Sêtu Wage, naas sedanipun Pangeran Wêlang.
4. Dintên Akat Wage, naas sedanipun Pangeran Cindheamoh.

Samantên anggènipun ngaosi dhatêng para êmpu agêng, ing jaman Majapait tuwin Pajajaran.
Mênggah atur sêsorah kula bab dhuwung punika, panjênêngan sadaya tamtu paring pangaksama, kauning basa, kakêning ukara, langkung malih anggèning kirang mangrêtosakên, dening kula mranggi golongan kina, sanès tiyang ahli basa, botên kulina sêsorah, wasana namung dumugi samantên atur kula:

wasalam. Juli 1936 
Nayawirôngka

Komentar

Postingan Populer